Kamis, 19 Maret 2015

Geguritan



BIYUNG

Wus ora dak eling-eling pira yuswamu
Bakune ing sasi iki
Ana dina kagem panjenengan
Sing jare nate ngundang aku
Nalika embanmu kesandhung kahanan

Biyung
Apa ora kleru kudanganmu
Nyatane mrucut saka sakabehing pengangen
Aku mung gawe kucem netramu
Nalika pangrasa kagubel angkara
Mbujung banda lan wanita, dadi
Lali purwa duksina
Sing ana amung swarga ndonya
Tibake kebak apus karma

Biyung
Entenana aku, nyawisake banyu bening
Kanggo masuh astamu
Dadi bisa nenuntu aku
Bali menyang guwa garbamu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar