Welinge Biyung
Nini mustikaning ati
Ing madyaning ratri iki
Liwat sumilire samirana
Biyung weling marang nini
Ana salumahing bantala iki
Becik ngati-ati nastiti
Tan gampang kena godha
Tan gothang andedonga
Trampil jiwa lan raga
Waspada mring kahanan puniki
Tan lali sujud manembah mring gusti
Nini mustikaning ati
Ing madyaning ratri iki
Binareng sunaring rembulan kang moblong ndhadhari
Muga nini kalising sambekala
Kasembadan sakabehing sedya
Tidak ada komentar:
Posting Komentar